Selasa, 09 November 2010

Assalamualaikum wr.wb
Allhamdulilah allhamdulilah robbil ‘alamin assollatu wassalamu ‘ala asrofil ambiyai warmursalim waala alihi wasohbihi ajmain amma ba’du
Ing mriki kulo ingkang kajibah dados pranoto adicoro wonten kempalan rutin yasinan bade maosaken menggah susunan acara wonten ing dalu puniko, saderenge adi coro dipun wiwiti kulo ngaturaken panuwun dumateng bpk/ mas…….. ingkang sampun maringi wekdal soho panggenan kangge acara puniko. Lan mboten supe monggo monggo kito tansah ngunjuaken raos puji syukur wonten ngarso dalem ALLAH SWT ingkang sampun maringi pinten 2 kerohmatan soho inayahipun Katitik ing dalu puniko kito saged ndugeni acara ing dalu puniko kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan satunggal punopo, solawat soho salam kito kunjuaken dumateng jujungan kito nabi agung Muhamad SAW, ingkang kito tenggo tenggo safaatipun wonten yaumul akir, amin
Menggah susunan Acoro wonten in ndalu meniko:
1. Ingkang sepindah pembukaan
2. Kaping kalih waosan surat yasin ingkang bade kapimpin penjenenganipun………….
3. ingkang kaping tigo waosan dzikir tahlil ingkang bade ka pimpin ……….
4. ingkang ongko 4 istirahat
5. ingkang ongko 5 inggih puniko maedo hasanah utawi Tanya jawab ingkang bade pun aturaken bp………………….
6. ingkang onko 6 inggih puniko doa penutup

1. Gegandengan wekdal sampun ndungkap dalu monggo monggo acaro kito wiwiti kanti waosan al fatehah sesarengan: al fateha…………… mugi mugi kanti waosan alfatehan kolo wau saged ndadosno lancaripun acaro ing ndalu puniko
2. Menggah adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan surat yasin ingkang bade kapimpin panjenenganipun ……………………… wekdal soho panggenanan kulo aturaken
3. acoro saklajengipun inggih puniko waosan dzikir tahlil ingkang bade kapimpin panjenenganipun ……………. Wekdal soho panggenan kulo aturaken
4. sak lajengipun acara bade ka sigeg sak wetawis dumateng kadang anem wekdal soho panggenan kulo aturaken
5. sinambi unjukan swekdal bade kasuwun maleh,kito lajengaken adi coro ingkang ongko gangsal inggih puniko maido hasanah utawi Tanya jawab ingkang bade kaaturaken panjenenganipun …………………wekdal soho panggenan kulo aturaken.
6. meniko wau menggah maidho hasanah utawi Tanya jawab ingkang dipun aturaken bp……………….. mugi mugi saged mbeto manfaat dumateng kito sedoyo acoro saklajengipin ingih puniko doa penutup ingkang bade kapimpin panjenenganipun ………………..sak derengipun acara katutup mbok bilih kulo anggenipun angkrakit adicoro wonten kalepatan kulo nyuwun agunging samudro pangaksami. Billahitaufik wal hidayah wassalamualaikum wr.wb. wekdal soho panggenan kulo aturaken sumonngo

0 komentar:

Posting Komentar

Sample Text

Pengikut

Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

Recent Posts

Text Widget